Salam konco-konco sederek, tips iki tak jelentre’ke pe’e koen kabeh puenak gawe email@nggersik.com (oiyo lek gurung duwe jaluk-o nang cak peyek yo, tapi emboh dike’i opo gak).
Biasa kan menungso ra ono puase ambek sembarangane, lha iki yo termasuk email, sampean podo ngaku mesti emaile lebih tekan 5 kan, anteman ta lak mesti iyo, lek perlu jejek-jejekan opo tungkak-tungkakan wani aku, soale aku dewe yo akeh rek kekeke…, wis-wis nggacor ae cuk langsung ae yo…
Yo kerono email sing dike’i kang peyek based on Gmail aku seneng seru mangkane pas mambengi conference aku langsung jaluk ganti emailku dadi jazili[at]nggersik.com.
Opo’o kok gmail soale iki hubaungane ambek add on firefox ( Flock yo iso, Opera ambek IE gak iso rek) sing iso ngintip email gmail sampean gak atek perlu login nang mail.google.com opo lek perkoro iki nang mail.nggersik.com, bayangno lek email gmailmu ono limo koyo aku, opo gak puyeng melbu metu, yoopo keren gak…
Lha Add On kui arane Gmail Manager, nang kene ngggone lek kepingin donload yo : Mozilla opo longfocus, nangkono wis lengkap sak panduan coro ngginstale…
Lha koyok ngene lho hasile lek installe lancar, nggone nok ngisor kanan browser firefoxmu….
![]()
Lha iki lek koen intip, email paling anyar muncul kabeh…

Lha lek emailmu akeh klik kanan wae nang add on-e, enkok muncul kabeh, kari milih sing ape diaktifno…

Monggo sampean cubo wis…, lek pingin lebih jos monggo neng link iki (ki nang webku rek promosi sitik
)
NB: sak benere tips-e ecek ecek cuman kepingin wae gawe postingan boso gresikan, kiro-kiro postinganku wis nggersik gak rek….???

























wah… lumayan
selama iki aku gak weruh jaz!
sering mlebu metu sampai lecet kabeh
jes, wis tau ngetes sing addons webmail notifier?? iku malah iso beberapa imel teko beberapa ime provider, aku ndisik nggawe sing iku
sippp….mantep rekkk…ga wani aq antem2an…nek antem2an sandal gpp wes
wahh
aku pengen duwe
ibnuanshari.com@nggersik.com
keren yo???