Subscribe:Posts Comments

You Are Here: Home » KULINER, TERBARU » ERBE Sing Dadi Guneman (Part II)

Kothok-an, badogan iki nggawe bumbu kentel mergo atek kelopo. Badogan valentin (tak arani ngene mergo kelire abang nom) iki biasane masake pas riyoyo tok gawe ngeteri langgar wayahe tahlilan.

Keropok Bandeng, bandenge dipanggang utowo digoreng garing. Sing penting sambele nggawe kecap campur petis dikek-i mrico, bawang putih goreng ambek lombok.

Sate Kijing, sing iki dak podo karo kijing kuburan. Kijing iku kewan segoro bongsone simping sing awake rupo lonjong, nek dijarno ngiwi-ngiwi ngetokno ilate nek dicekel ilate mlebu. Disunduki koyok sate, dipanggang. Sambele pedes koyok keropok bandeng tapi petis tok atek mericane akeh. Dadi nek dibadog, kuping rasane wus-wus koyok metu beluk-e.

Bandeng Pindang Serani, bandeng iki dimasak koyok rawong tapi encer, koyok garang asem tapi atek kluwek. Rasane ? Ojok takon, Bondan bae mari ngincipi dak iso muni “ER”.

Pindang Bandeng, bandenge didang nok mangkok sing dikeki bumbu titik. Bumbune uyah tok, dadi masakan iki koyok kepingin nyombongno roso ashli bandenge. Kelire yo putik tok ashli bandeng.

Kerang Dodo, iki sing rodok suwe dak ngerasakno mergane kerange wis jarang onok. Wong-wong nek ngarani kerang genteng mergo kulite koyok genteng. Kerang iki dimasak koyok jangan bening, bumbune yo kunci. Sambele nggawe sambel terasi.

Karag Tempe, karag iku dibagi loro, onok karag ireng onok karag poteh. Karag ireng digawe teko ketan ireng sing dicampur beras trus didang. La nek karag poteh teko beras biasa tapi wektu adang banyune dicampuri banyu kapur. Jare wong pinter iki iso gawe gantine obat maag. La mangane dikek-i parutan kelopo ambek poyah. Iwak-e iwak godo tempe sing disundep lombok.

Kare Keroyo, keroyo versi kare iki rodok anyar, biyene yo terimo dimasak koyok kerang iku, dodo kunci. Bosone keroyo nek nok kuto liyo ngarani rajungan.

Oseng-oseng Simping, simping diudani (maksute dibuak kulite) trus digongseng (ditumis) dibumboni bawang, bawang godong, kecap sak kancane. Yo koyok osen-oseng biasane tapi nek isine simping, wow top markotop, gud marsogud, ser marseru.

Sego Roomo, asline pancen sego sing dikek-i bubur Roomo. Sak buru bae onok sing atek lontong, biyen yo sego. Dadi sego diwadahi takir diambakno dadi dak wungkulan terus dikek-i godong api-api diremuki krupuk rambak, kadang dikek-i irisan godo tempe kait dikek-i bubur Roomo. Ndukure diuwur-uwuri poyah karo ditemplok-i sambel. Keno weruh nek bubure iku yo atek ulegan urang ? dadi enak-e pancen nyundul langit.

Ndok Bader, iki yo wis rodok angel. Masakan iki digawe teko ndok-e iwak bader. Lha ndok-e dicampuri bumbu asem, bawang, brambang, lombok. Dibungkusi nggawe godong gedang trus digoreng. Sing iki enake tikel-tikel. Tapi ati-ati nek tuku, saiki akeh dicampuri ndok-e iwak gere kadang malah tahu. Saking enak-e jare wong Arab Bunuh Diri. Maksute mergo paling enak, karuan bunuh diri mari mangan ndok Bader, percuma urip nek dak onok sing enakan maneh.

Tak bisiki yo, sepurane ket molai nulis sampek marine iki eson wis ngelek idu ping rong atus wolung puluh pitu (sopo sing ngitungi ?)

4 Comments

  1. Jazili says:

    Kakaka…, kotho’an, karag tempe, sego roomoo isih sering mangan aku cak…, wah kerang dodo iku sing wis sui gak mangan, dodoe kui cak lek ambek sego anget walah iso lali dunyo lali akhirat…, muanteb…

  2. cakwawan says:

    hahaha…
    ngelek idu ae diitungi reeek…

    opo mane nek ono kare petheng, wes nggarai tambah kepengen moleh ae cak…

  3. agres production says:

    “jualan karak tiap hari d gkb jalan sumatera. sabtu masin jagung & lontong roomo”

  4. nggresik says:

    tambahan…IWAK MASEN = iwak seng di bacem karo sego sampe ajur kadang ambu gak enak…tapi nek di botok hhhhhemmm demulit uenaaak rasane

Leave a Reply

© 2009 NGGERSIKdotcom · Subscribe:PostsComments · Designed by nggersik · Powered by WordPress