ERBE Sing Dadi Guneman (Part I)

by Aqil on April 5, 2009 · 7 comments

in KULINER

Erbe iku saiki koyok pangkat ngono lho, nek boso negoro diarani “predikat”. Jaman bengen/biyen akeh wong sing diarani Erbe. Yoiku wong sing doyanane mangan. Wong iku iso crito panganan sak wernane. Kabeh panganan wis tau weruh rasane. Ojok kajo nek delok wong nggersik kumpul mesti guneman peroko panganan. Onok sing crito tau bengi-bengi budal nang Nguling Pasuruan perlu mbadog tok trus mulih.  Lha wong sing seneng mangan ngene iki diarani ERBE alias RAI BADOGAN.

Lah saiki eson ape ngeling-eling aran badogan nggersik, sak elinge. Nek onok sing kurang tulung ditambahi. Nek onok sing ngirim resep bakal oleh hadiah……jempolan.

Iki arane badogan sing ashli (nggawe shot) gawenan wong nggersik :

Bongso kancane sego (kancane kopi mene-mene bae) :

Krawu, kabeh wis weruh. Nek dak weruh iso delok nok : http://www.nggersik.com/forum/

Otak-otak, bandeng sing dipeteki (di-massage), dijupuk daginge terus dibumboni. Campuran iki trus dijejelno balik nang bandenge trus dipanggang. Paling akeh diwekas gawe oleh-oleh sampek saiki. Cangkeme wong sak Indonesa wis akeh sing klebonan otak-otak.

Kolak Ayam, iki bongso badogan sing nganeh-nganehi. Mosok ayam kok dikolak. Carane ayam digodok, daginge disuwir-suwir trus dicemplungno kolak sing dak onok isine. Nek dak keliru bumbune pokoke akeh bawang godonge. Dimasake setaun sepisan pas malem telu likur ulan poso. Onoke nok deso Gumeno tok. Jarene iso ndadekno “jreng”. Gitar be-e.

Mangut, iki yo bangsane bandeng dibumboni koyok rawon nggawe kluwek kentel seru trus dibungkus godong gedang. Mari ngono didang. Biasane di dol pas posoan tok.

Bali Welut, baline sih wis omom tapi welute iku sing ndadekno seje. Badogan iki kancane jangan menir. Sohib karo sambel pencit.

Menir, janganan iki pancen onoke nok nggersik tok. Eson dak ngerti arane kok menir opo pancen doyanane londo. Jangan iki digawe teko jangan kangkung sing diirisi cilik-cilik. Bumbune ditambahi deplokan beras. Mener biasane didol bareng sego krawu. Mangane ambek bali welut, sambel pencit, kancur trus dikek-i srundeng titik. Eson akeh milih menir bae tinimbang krawune. Jarene luwih sehat.

Rawon Sembilang, rawon sih pancen akeh sing nggawe tapi isi iwak sembilang rasane, wuih, masih ta morotuo liwat dak disopo.

Teri-an, badogan sing atek dodo nggawe bumbu tomat, bawang putih, bambang eh brambang, lombok gede, lombok cilik, kecap karo liyane. Dodone rodok kentel isine iso tahu, tempe, daging utowo ayam. Sing enak seru dodone titik isine simping.

Sambel Pe, iwak pe iku nek nok nggersik mesti panggangan. La panggangan iki disambelno trasi dikeceri jeruk pecel titik. Iki sang senengan jaman sik smp. Ben dino mangan iki terus dak bosen-bosen. Sampek onok sing nyeluk eson Pe.

Urap Alur, urap-urapan iki pancen nok nggersik onok-e. Mergane alur iku tanduran sing urip nok tambak-tambak kancane godong api-api sing digawe sego roomo. Urap alur iku sik duluri cempeding, biasane digawe tumpengan.

Cempeding, cempeding iku digawe teko jangan kangkung sing dikum banyu panas trus disambelno petis diurap. Persis rujak kangkung tapi bumbune dak atek kacang.

Diambung mene bae, eh disambung !

7 Responses

  1. ziegrusak bilang pada 5 April 2009 at 3:33 am

    cak, yaopo seh iki, gambare sego roomo tapi kok ga ono keterangane sego roomo hahaha… trus keno dak nyebutno besengek pe, iku sang senengan cak wuakaka…

  2. agusrest bilang pada 5 April 2009 at 2:19 pm

    Hmm…..wayahe kuliner iki berarti :mrgreen:

  3. peyek bilang pada 5 April 2009 at 9:32 pm

    saiki nek nggolek nang ndi cak?
    luwih apik nek sampean dodono nggone nang ndi, timbang eson ngiler nang kibord! :D

  4. eson rek bilang pada 5 April 2009 at 10:30 pm

    ayok ayoook, bahas badogan. sing pasti badogan nggersik mak yuuussss…..

  5. Jazili bilang pada 7 April 2009 at 6:32 pm

    Lha kapan ki wisata kuliner, rawon sumbilang kui koyo’e mantep…

  6. Aqil Good bilang pada 16 April 2009 at 7:05 pm

    Ayo nek arek2 karep ngelencer mbadog (wisata kuliner) kapan bae eson yo nyarap bae

  7. Gelegar Utomo bilang pada 19 January 2010 at 4:11 pm

    woiii…. gambar tanduran ngono jare sego roomo..?!?!?!?! tuwas kangen sampek keluwen ngene kok malah kebojok???
    Aku njaluk iso gak cak??

    suwun lho…

Berikan komentar

Previous post: Tujuh Siswa Badung

Next post: Shelter Bus Bandara di Terminal Purabaya