Subscribe:Posts Comments

You Are Here: Home » BUDAYA dan SEJARAH, TERBARU » BOSO GRESIKAN : Dak Paham Dak Pateken

boso-nggersikRek, eson sik kaet ngerti onok nggresik.com sing salah sijine mbukak forum cangkrukan nggawe boso gresikan. Pancen bener, kudune onok panggonan sing iso digawe nggedabrus boso gresikan. Sing nggelakno iku pemerintah durung duwe karep nggawe coro yak opo boso gresikan tetep dingerteni anak putune. Mosok pelajaran bahasa daerah isine boso jowo jawa tengahan. Eson dewe dak ngerti nek ditakoni sang anak.

Peno ngerti, nek wayahe acara Cak Yuk iku. Malah lucu-lucu. Nek diitung salahe iso sak ketapruk pas guneman boso Gresikan. Contone onok sing ngomong “arep” padahal wong Gresik nek ngomong nggawe “ape”. Onok maneh sing ngomong “ning kene” mestine lak “nok kene” opo “nang kene”. Durung nek milih malah ngomong “sing iki ae”, nek boso Gresik unine “sing iki bae”.

Pancen durung onok mufakat (asli boso gresik serapan boso arab) boso gresik sing endi sing ditetepno dadi boso daerah kene. Mergane nok kuto gresik dewe paling titik onok petang boso sing bedo-bedo.

Nomer situk, boso Gresik sing dianggep sumber asli-sli yoiku Gresik Lawas. Nek digaris klebu deso Kemuteran, Kroman, Kebungson, Pekelingan, Telogo Bendung, Bedilan, Karangpoh, Sukodono, Terate, karo Tambak Gek alias Sindujoyo. Omongane wong daerah iku yo medhok seru Gresike. Eson, keno, slepi, mbardak, endok, tepang, gitik karo sak liyane wis lumrah digunemno.

Nomer Loro, boso Giri. Boso Giri iki pancen seje ketimbang boso kuto Gresik. Jarene jaman biyen wong nggiri senengane mbangkel. Mbangkel iku nggowo dagangan mas-masan nang kuto liyo. Sak wayah-wayah kepetuk podo koncone. La supoyo omongane dak dingerteni wong liyo, wong nggiri nggawe boso dewe. Conto boso nggiri : wedlek, kindo, sidin, tono, wak mat, kiyet, ndinggle karo sak liyane.

Nomer Telu, boso Lumpur. Deso Lumpur iku koyok kerajaan nok njero kuto. Pancen onok rojoe dewe. Nek keno, klebu pemerintah pisan ape duwe karep noto Lumpur dak atek nang rojone wong Lumpur ojok pisan-pisan arep-arep gelem. Wong Lumpur iku akeh-akehe ndelek iwak nang segoro alias nelayan. Wonge seneng ibadah karo seneng dagang. Dak kurang wong Lumpur sing dadi. La ngomonge duwe cengkok dewe. Sing ndadekno seje iku cengkoke ambek ngomong kasare. Contone “muliyo he, mbok iro ndoboli”.

Nomer Papat, boso mbelandong. Iki duduk deso belandongan tapi daerah sing akeh dienggoni wong sing duduk asli Gresik. Contone Meduran, diarani iki mergo akeh wong meduroe. Utowo Gresik kidulan molai sentolang ngidul. Iku kabeh tak lebokno daerah mblandong yoiku daerah sing wong-wongane dak asli Gresik. Bosoe wong-wong iku campuran. Sing teko nganjuk yo ngomong nganjukan, sing teko kulonan ya ngomong kulonan.

Mangkane mestine kudu onok mufakat nek boso Gresik iku nggawe asli Gresik Lawas. Dadi iso dideleki  sumber-sumber asline boso Gresikan. Ojok sampek Cak ambek Yuk dadi nguyonane wong akeh.

Peno ngerti, eson dak yakin keno-keno iki paham. Wong eson dewe bengong nulise.  Mangkane keno paham dak paham eson dak pateken. Sing penting nulis, sing penting gresik.

Kampung Lekik, 12 Maret 2009

46 Comments

  1. edo says:

    Wah, setelah baca postingan ini rasanya saya harus mendefinisikan ulang makna ke-nggersikan-an yang saya pahami selama ini….

    Salut buat postingan ini….

  2. ziegrusak says:

    polae eson iki arek lumpur dadi mbalese yo atek boso lumpur ae.
    celatonane iro iku tayo seru he, nek siro gelek nulis koyok ngene iso tayo seruon, pe’e wong-wong iku eroh kabeh karo njogo pe’e kantil terus, gak ilang boso nggersikane rek.
    tapi onok tambahan titik, wong nggersik nyebutno gresik iku yo nggersik, dadi nek nang tulisane iro nyebute nggersik iso tambah tayo seruon. antarane polae iku arek-arek iko milih aranane nggersik.com pas voting (bingung cari padanan voting?!) iko.
    tak enteni celatonane iro sing liyane cak!
    (sepurane nek boso lumpure rodo ngawur rek, kesuwen urip nang njobo hehehe…)

    terjemahan kasar :
    karena saya orang lumpur jadi saya pake bahasa lumpur aja.
    omongan (bisa juga diartikan tulisan/postingan) anda bagus sekali. coba kalau anda sering nulis seperti ini akan bagus, supaya orang lain juga pada tahu dan juga menjaga agar bahasa “nggersikan” tetap nempel dan tidak hilang.
    tapi juga sedikit masukan, orang gresik menyebutkan gresik dengan bacaan “nggersik” jadi kayaknya kalau dalam tulisan anda penyebutannya nggersik akan lebih bagus. ini juga (mungkin) salah satu alasan temen-temen memilih nama nggersik.com waktu voting dulu.
    saya tunggu postingan anda berikutnya cak!!

    ps. rada ribet juga nih bikin terjemahannya hehehe…

  3. cakwawan says:

    tayo seru pokoke…

    ayo terus kembangno boso nggersikan…
    tak dukung cak…

  4. agusrest says:

    huehueuuee…nek boso cerme an y opo yohh….scr aq dewe yo ga donk…..seneng aq moco tulisan iki opo maneh pas bab “mbok iro ndoboli” :mrgreen: btw kampung lekik iku ndi cak?

  5. nurrahman says:

    ga mudeng rek…(gedeg2) :-P

  6. Aqil says:

    Konco-konco Nggersik kabeh nedon rimo semauran keno. Wa bil khusus gawe Cak Ziegrusak nedon rimo nggenahnoe. Mosok sih rek, sik onok sing karep njaluk retine (terjemah) ? Cak Agusrest, kampung lekik iku kampung sing tak elengi seru. Mergo kampunge iku ciut seru kiro2 ombo rong meter dicepit omah londo dukur-dukur. Panggonane nok deso Pekelingan pinggir omehe Yuk Yang, cino sing dodolan kacang goreng. Kapan-kapan tak jak mlaku-mlaku rono. Mesisan ndelok wong ndoboli nok BKIA. Nedon Rimo.

  7. peyek says:

    hehehehe…. edyan tenan…. yo ngene iki sing dienteni rek!
    ayo liyane segera menyusul :D

    bahasa ibu perlu dilestarikan!

  8. Aqil says:

    Cak Peyek sing renyah karo doyan nyruput, nedon rimo.
    Eson pingin arek-arek nggersik.com molai nulis kamus nggersikan, yo tulung nggunemane arek-arek iku dicitet. Soale kamus sing wis onok iku yo akeh sing kudu digenahno. Dadi tulung lah, eh bek-bek-e meneh-meneh kenek di nggo manfaate. Yak Opo konco2 liyane, cak Admin (mergane eson repot nek nulis arane maneh) Setuju tah ?

  9. ziegrusak says:

    eson setuju seru cak! tapi nek retine lak sik seje-seje kabeh, opo sing penting dek klumpukno ae sik? sing penting onok arsipe sik, ngono ae tah cak? soale nek nang nggone forum lak wis lumayan akeh iku, ngono tah?

  10. ndop says:

    rodok mudeng, soale aku wong nganjuk, boso2ne podho karo mediun ponorogo lan ngulon meneh..

  11. Aqil says:

    Pokoke dicitet disik perkoro nyalin yo engkok ngumpul bareng-bareng nggenahno.

  12. Jazili says:

    Gak ngerti blas…, uduk arek gresik berarti aku yo…

  13. Aqil says:

    Repote arek nggersik dak onok sing ngganteng mas. Lha sampeyan lak ngganteng

  14. Nanda says:

    Wah… beruntung banget saya bisa menemukan forum ini.

    oia.. kenalan, nama saya nanda. Rumah saya di randuagung
    saya mahasiswi tingkat akhir di sastra inggris unair surabaya

    saat ini saya sedang mengerjakan skripsi dan mengambil penelitian tentang bahasa gresikan.
    untuk itu saya minta tolong kepada teman2 semuanya untuk memberikan informasi tentang bahasa gresikan. bisa dari sejarahnya, sampai daerah2 gresik yang masih kental memakai bahasa gresikan.

    bisa menghubungi di alamat imel yahoo/ ym:
    matagenit_felice@yahoo.com

  15. maia says:

    fiiiuh .. isin aqu , arek gresik ga iso boso nggresikan .. pdhl ninggalin gresik cm baru staun

  16. nea says:

    eson seneng bosoe,tapi ngarteknoe rodok mangkel,,hhehe

  17. boso nggresik an pancen kudu di lestarekno rek….supoyo gak punah…seng wes lali yo ayo podho di pelajari maneh, di biasakno maneh, seng durung ngerti misale poro pendatang, arek-arek cilik seng sik sekolah yo kudhu di ajari nik perlu dimasukno mata pelajaran bahasa daerah gresik….
    matur suwon NGGERSIK.COM wes melu ngelestarik no boso nggersik an, saiki kari nunggu dukungane poro pimpinan pemerintah kabupaten Gresik lan sak teruse..

    SUKSES NGGERSIK.COM

  18. Azhar says:

    Wah..
    Warning iki gae arek2 sing wes lawas ninggalno nggersik.
    ojo-ojo lali.
    awak dewek ae wes kecampuran boso jowo ndi-ndi.
    sampek kadang-kadang bingung lek ngomong jowo. iki boso jowo dialek ndi.
    :(
    tapi nggersik tetep nggersik cak, yuk!
    jo lali karo nggersikmu

    salam,

  19. nanda says:

    suwun mas2… teko blog iki aku entuk referensi akeh tentang dialek gresikan. dungakno ae skripsiku lancar trus entuk apik. engkuk tak kabari maneh yo… ^^

  20. @nanda…yo mugo-mugo diparingi 4JJI lancar skripsine entuk nilai uapik…amin

  21. Icang says:

    nuwun sewu,
    aku duduk wong nggersik cak, tapi melu sueneng moco2 tulisan ndek blog iki. Bener kuwi nek boso daerah ning sekolah kudu podho karo sing dinggo saben dinane. lha wong judule boso daerah. opo maneh boso jowo kuwi kan akeh eram spesies e. salam kenal soko wong jember.

  22. panjoel says:

    aku ngerti mas,,,
    hahaha,,,
    mbasio duduk wong gresik kutho,,
    hahahah,,
    urip nak blandongan 2th,,
    rodok ketularan boso lumpur,,
    hahahha..
    sakjane cak yuk gudu iso ngomong boso gresik rek,,,

  23. DenkGex_ says:

    wuih….Cek sereme riko Cak(gak eroh boso gresikE SERU!!!)…
    eson yo sepantat, eh… sepakan yo ambek ndukung sampean karo bolo-bolo gresiker” liyane. Budaya, opomaneh seng bentukE bahasa ojo sampek ditinggalno. polaE aku dewe ngerasakno seneng+banga dadi arek gresik masio reank ado teko omah….hahahahahahaha……………
    Poko’E Gresik lha…….I Love U Full……….

  24. kasbok says:

    waduh, sek buru eroh aq situs iki..
    ngakak tok wez..
    sangar2..
    gresik kota santri e..

  25. dantok says:

    apik seru tulisane…
    sek kaet ero ono nggersik.com…
    terusno cak, lestarikan kata2 “SERU”

  26. Anak Kost says:

    Ape gabung yok opo iki cak cara’e?? Ndk nggersik.com..

  27. alipon says:

    sangar seruu!!
    eson kangen cangkruk mbek konco2 polean,, sing jelas atek boso nggresik an..

  28. Sopiyan says:

    Eson wong nduduk cak, , ,lha cek daerah gresik bagean kulonan melu endhi cak? Ha ha,

  29. atek seru barang rek. . . .io e isun nag malng ngae boso ngresik ga onk seng ngerti, , , , ,wong kape ngomng tuku ote ote ae diwara wonge porno dek sampeyan. . .dadakn jenenge wechi. . asuw2

  30. andieyoenoe says:

    wah salam kenal kabeh yow….

    isun iki arek nggersik kulonon trus ngolah-ngalih dadine bosone yo campur koyok es campur…

    sak jane perlu koyok nang sekolah2 sak ben dino opo ngono nggawe boso nggersikan, soale isun tau nang kota endi ngono lali iku ngono cumae gawe boso kromoan….

  31. hasantyro says:

    we…salam kenal sak kabeane ae yo….eson yo ga’ ngerti boso gresik masio eson neng gresik kat cilik pe’ seiki pi g’ngerti babar blas….wong kata “eson” ae tas ngerti buru2 iki k’….hehhehe

    pi ane salut lek sido enek kurikulum tambhan neng sekolah2 gawe boso gresik….ben seje karo daerah liyane

  32. mamad says:

    esun yo kepingin jandon jandon boso gresikan, tapi yaopo wong dak onok rewange,sang konco sing arek gresik asli yo wis merat kabe nang luar kota

  33. Assalamu’alaykum…saya asli minang, tetapi masa kecil tinggal di kawisanyar, nggersik.InsyaAllah ada rencana Idul fitri nanti berkunjung ke nggersik menjumpai sahabat dan tetangga yg dulu sudah seperti keluarga. Adakah di forum ini yg lahir, tinggal dan besar di kawisanyar?

  34. siswati says:

    mas aq bukan orang gresik asli tapi aq uda tinggal di gresik sekitar 7 tahun…aq pengen ngerti bahasa gresik asli lan maknane,,,,,,tak pake buat penelitian tentang dialect orang2 gresik…….ne mas n daerah mana yang masih kental menggunakan bahasa gresik
    matur suwun…….

  35. ivan fauzi says:

    dolor2 nduwe aplikasi boso gresikan ta???

  36. okta says:

    permisi..mau tanya Cak, Sentolang itu masuk kecamatan+desa mana, ya? kebetulan saya sedang dalam proses ‘berkenalan’ dengan Nggresik ini. Terimakasih…

  37. wulan says:

    aku bukan asli gresik tapi ingin tahu bahasa gresik karena sekarang tinggal di gresik… kadang sering tidak paham apa yang mereka bicarakan,.,, suka dengan postingan ini,,,, pengen ada kamusnya nih…. thanks
    salam kenal

  38. nafiq says:

    postingan riko apik cak riang seneng mocoe.. leg iso ayo boso gresik e dkembangno dadi wong gresik nduwe ciri khas dewe..

  39. yudha says:

    Aslm,, cak yuk,, ison iki yo uduk arek nggresik asli,, lair nak bojonegoro tapi gedhe nak nggresik,, tp ison pengen blajar boso nggresikan,, bek bek e arep nggawe forum blajar ajak ison yo,, mergane nak sang omah nggawe bahasa kulonan,, dadine gak onok sing isok boso nggresikan,, itung2 melu nglestarikno budayae nggresik,, gak ngunu a cak, yuk..
    Sepurane sang boso nggresikan gak apik,, hehe,,

  40. walah rek….eson sueneng seru…onok boso gersikan….ayo po’o nglestarik no bareng2…

  41. Menungso says:

    nek wong Jakarta ngomonge “gue banget”, wong Nggersik ngomonge “eson seru”
    XD

  42. NUR says:

    eson seneng seru karo gawe web, eson pengen belajar tak iyo ,
    monggo mampir nokWEBiki . salam eson yo arek gresik loo.

  43. ragil says:

    melok urun rebug rel oleh ta…

  44. tokoagen says:

    Gresik kota pudak, kota santri, kota indostri, mantep

Leave a Reply

© 2009 NGGERSIKdotcom · Subscribe:PostsComments · Designed by nggersik · Powered by WordPress