BOSO GRESIKAN : Dak Paham Dak Pateken

by Aqil on March 13, 2009 · 25 comments

in BUDAYA dan SEJARAH, TERBARU

boso-nggersikRek, eson sik kaet ngerti onok nggresik.com sing salah sijine mbukak forum cangkrukan nggawe boso gresikan. Pancen bener, kudune onok panggonan sing iso digawe nggedabrus boso gresikan. Sing nggelakno iku pemerintah durung duwe karep nggawe coro yak opo boso gresikan tetep dingerteni anak putune. Mosok pelajaran bahasa daerah isine boso jowo jawa tengahan. Eson dewe dak ngerti nek ditakoni sang anak.

Peno ngerti, nek wayahe acara Cak Yuk iku. Malah lucu-lucu. Nek diitung salahe iso sak ketapruk pas guneman boso Gresikan. Contone onok sing ngomong “arep” padahal wong Gresik nek ngomong nggawe “ape”. Onok maneh sing ngomong “ning kene” mestine lak “nok kene” opo “nang kene”. Durung nek milih malah ngomong “sing iki ae”, nek boso Gresik unine “sing iki bae”.

Pancen durung onok mufakat (asli boso gresik serapan boso arab) boso gresik sing endi sing ditetepno dadi boso daerah kene. Mergane nok kuto gresik dewe paling titik onok petang boso sing bedo-bedo.

Nomer situk, boso Gresik sing dianggep sumber asli-sli yoiku Gresik Lawas. Nek digaris klebu deso Kemuteran, Kroman, Kebungson, Pekelingan, Telogo Bendung, Bedilan, Karangpoh, Sukodono, Terate, karo Tambak Gek alias Sindujoyo. Omongane wong daerah iku yo medhok seru Gresike. Eson, keno, slepi, mbardak, endok, tepang, gitik karo sak liyane wis lumrah digunemno.

Nomer Loro, boso Giri. Boso Giri iki pancen seje ketimbang boso kuto Gresik. Jarene jaman biyen wong nggiri senengane mbangkel. Mbangkel iku nggowo dagangan mas-masan nang kuto liyo. Sak wayah-wayah kepetuk podo koncone. La supoyo omongane dak dingerteni wong liyo, wong nggiri nggawe boso dewe. Conto boso nggiri : wedlek, kindo, sidin, tono, wak mat, kiyet, ndinggle karo sak liyane.

Nomer Telu, boso Lumpur. Deso Lumpur iku koyok kerajaan nok njero kuto. Pancen onok rojoe dewe. Nek keno, klebu pemerintah pisan ape duwe karep noto Lumpur dak atek nang rojone wong Lumpur ojok pisan-pisan arep-arep gelem. Wong Lumpur iku akeh-akehe ndelek iwak nang segoro alias nelayan. Wonge seneng ibadah karo seneng dagang. Dak kurang wong Lumpur sing dadi. La ngomonge duwe cengkok dewe. Sing ndadekno seje iku cengkoke ambek ngomong kasare. Contone “muliyo he, mbok iro ndoboli”.

Nomer Papat, boso mbelandong. Iki duduk deso belandongan tapi daerah sing akeh dienggoni wong sing duduk asli Gresik. Contone Meduran, diarani iki mergo akeh wong meduroe. Utowo Gresik kidulan molai sentolang ngidul. Iku kabeh tak lebokno daerah mblandong yoiku daerah sing wong-wongane dak asli Gresik. Bosoe wong-wong iku campuran. Sing teko nganjuk yo ngomong nganjukan, sing teko kulonan ya ngomong kulonan.

Mangkane mestine kudu onok mufakat nek boso Gresik iku nggawe asli Gresik Lawas. Dadi iso dideleki  sumber-sumber asline boso Gresikan. Ojok sampek Cak ambek Yuk dadi nguyonane wong akeh.

Peno ngerti, eson dak yakin keno-keno iki paham. Wong eson dewe bengong nulise.  Mangkane keno paham dak paham eson dak pateken. Sing penting nulis, sing penting gresik.

Kampung Lekik, 12 Maret 2009

25 Responses

  1. edo bilang pada 13 March 2009 at 4:13 am

    Wah, setelah baca postingan ini rasanya saya harus mendefinisikan ulang makna ke-nggersikan-an yang saya pahami selama ini….

    Salut buat postingan ini….

  2. ziegrusak bilang pada 13 March 2009 at 5:37 am

    polae eson iki arek lumpur dadi mbalese yo atek boso lumpur ae.
    celatonane iro iku tayo seru he, nek siro gelek nulis koyok ngene iso tayo seruon, pe’e wong-wong iku eroh kabeh karo njogo pe’e kantil terus, gak ilang boso nggersikane rek.
    tapi onok tambahan titik, wong nggersik nyebutno gresik iku yo nggersik, dadi nek nang tulisane iro nyebute nggersik iso tambah tayo seruon. antarane polae iku arek-arek iko milih aranane nggersik.com pas voting (bingung cari padanan voting?!) iko.
    tak enteni celatonane iro sing liyane cak!
    (sepurane nek boso lumpure rodo ngawur rek, kesuwen urip nang njobo hehehe…)

    terjemahan kasar :
    karena saya orang lumpur jadi saya pake bahasa lumpur aja.
    omongan (bisa juga diartikan tulisan/postingan) anda bagus sekali. coba kalau anda sering nulis seperti ini akan bagus, supaya orang lain juga pada tahu dan juga menjaga agar bahasa “nggersikan” tetap nempel dan tidak hilang.
    tapi juga sedikit masukan, orang gresik menyebutkan gresik dengan bacaan “nggersik” jadi kayaknya kalau dalam tulisan anda penyebutannya nggersik akan lebih bagus. ini juga (mungkin) salah satu alasan temen-temen memilih nama nggersik.com waktu voting dulu.
    saya tunggu postingan anda berikutnya cak!!

    ps. rada ribet juga nih bikin terjemahannya hehehe…

  3. cakwawan bilang pada 13 March 2009 at 8:25 am

    tayo seru pokoke…

    ayo terus kembangno boso nggersikan…
    tak dukung cak…

  4. agusrest bilang pada 13 March 2009 at 2:36 pm

    huehueuuee…nek boso cerme an y opo yohh….scr aq dewe yo ga donk…..seneng aq moco tulisan iki opo maneh pas bab “mbok iro ndoboli” :mrgreen: btw kampung lekik iku ndi cak?

  5. nurrahman bilang pada 13 March 2009 at 4:09 pm

    ga mudeng rek…(gedeg2) :-P

  6. Turnamen Futsal Bupati Gresik 2009, layakkah? » Agus Rest bilang pada 13 March 2009 at 5:21 pm

    [...] bulan Maret, Gresik dot org punya banyak gawe. Hal ini tak lain dan tak bukan adalah karena warga kota santri ini [...]

  7. Aqil bilang pada 13 March 2009 at 10:06 pm

    Konco-konco Nggersik kabeh nedon rimo semauran keno. Wa bil khusus gawe Cak Ziegrusak nedon rimo nggenahnoe. Mosok sih rek, sik onok sing karep njaluk retine (terjemah) ? Cak Agusrest, kampung lekik iku kampung sing tak elengi seru. Mergo kampunge iku ciut seru kiro2 ombo rong meter dicepit omah londo dukur-dukur. Panggonane nok deso Pekelingan pinggir omehe Yuk Yang, cino sing dodolan kacang goreng. Kapan-kapan tak jak mlaku-mlaku rono. Mesisan ndelok wong ndoboli nok BKIA. Nedon Rimo.

  8. peyek bilang pada 14 March 2009 at 12:01 pm

    hehehehe…. edyan tenan…. yo ngene iki sing dienteni rek!
    ayo liyane segera menyusul :D

    bahasa ibu perlu dilestarikan!

  9. Aqil bilang pada 14 March 2009 at 11:27 pm

    Cak Peyek sing renyah karo doyan nyruput, nedon rimo.
    Eson pingin arek-arek nggersik.com molai nulis kamus nggersikan, yo tulung nggunemane arek-arek iku dicitet. Soale kamus sing wis onok iku yo akeh sing kudu digenahno. Dadi tulung lah, eh bek-bek-e meneh-meneh kenek di nggo manfaate. Yak Opo konco2 liyane, cak Admin (mergane eson repot nek nulis arane maneh) Setuju tah ?

  10. ziegrusak bilang pada 16 March 2009 at 7:17 am

    eson setuju seru cak! tapi nek retine lak sik seje-seje kabeh, opo sing penting dek klumpukno ae sik? sing penting onok arsipe sik, ngono ae tah cak? soale nek nang nggone forum lak wis lumayan akeh iku, ngono tah?

  11. ndop bilang pada 16 March 2009 at 6:29 pm

    rodok mudeng, soale aku wong nganjuk, boso2ne podho karo mediun ponorogo lan ngulon meneh..

  12. Aqil bilang pada 18 March 2009 at 8:21 pm

    Pokoke dicitet disik perkoro nyalin yo engkok ngumpul bareng-bareng nggenahno.

  13. Jazili bilang pada 19 March 2009 at 7:01 pm

    Gak ngerti blas…, uduk arek gresik berarti aku yo…

  14. Aqil bilang pada 19 March 2009 at 9:28 pm

    Repote arek nggersik dak onok sing ngganteng mas. Lha sampeyan lak ngganteng

  15. Nanda bilang pada 25 March 2009 at 10:05 pm

    Wah… beruntung banget saya bisa menemukan forum ini.

    oia.. kenalan, nama saya nanda. Rumah saya di randuagung
    saya mahasiswi tingkat akhir di sastra inggris unair surabaya

    saat ini saya sedang mengerjakan skripsi dan mengambil penelitian tentang bahasa gresikan.
    untuk itu saya minta tolong kepada teman2 semuanya untuk memberikan informasi tentang bahasa gresikan. bisa dari sejarahnya, sampai daerah2 gresik yang masih kental memakai bahasa gresikan.

    bisa menghubungi di alamat imel yahoo/ ym:
    matagenit_felice@yahoo.com

  16. maia bilang pada 31 May 2009 at 3:53 pm

    fiiiuh .. isin aqu , arek gresik ga iso boso nggresikan .. pdhl ninggalin gresik cm baru staun

  17. nea bilang pada 2 June 2009 at 1:00 pm

    eson seneng bosoe,tapi ngarteknoe rodok mangkel,,hhehe

  18. nggresik blogspot bilang pada 9 June 2009 at 5:48 pm

    boso nggresik an pancen kudu di lestarekno rek….supoyo gak punah…seng wes lali yo ayo podho di pelajari maneh, di biasakno maneh, seng durung ngerti misale poro pendatang, arek-arek cilik seng sik sekolah yo kudhu di ajari nik perlu dimasukno mata pelajaran bahasa daerah gresik….
    matur suwon NGGERSIK.COM wes melu ngelestarik no boso nggersik an, saiki kari nunggu dukungane poro pimpinan pemerintah kabupaten Gresik lan sak teruse..

    SUKSES NGGERSIK.COM

  19. Azhar bilang pada 10 June 2009 at 9:16 am

    Wah..
    Warning iki gae arek2 sing wes lawas ninggalno nggersik.
    ojo-ojo lali.
    awak dewek ae wes kecampuran boso jowo ndi-ndi.
    sampek kadang-kadang bingung lek ngomong jowo. iki boso jowo dialek ndi.
    :(
    tapi nggersik tetep nggersik cak, yuk!
    jo lali karo nggersikmu

    salam,

  20. nanda bilang pada 10 June 2009 at 2:44 pm

    suwun mas2… teko blog iki aku entuk referensi akeh tentang dialek gresikan. dungakno ae skripsiku lancar trus entuk apik. engkuk tak kabari maneh yo… ^^

  21. nggresik blogspot bilang pada 16 June 2009 at 12:02 pm

    @nanda…yo mugo-mugo diparingi 4JJI lancar skripsine entuk nilai uapik…amin

  22. Icang bilang pada 16 August 2009 at 8:20 am

    nuwun sewu,
    aku duduk wong nggersik cak, tapi melu sueneng moco2 tulisan ndek blog iki. Bener kuwi nek boso daerah ning sekolah kudu podho karo sing dinggo saben dinane. lha wong judule boso daerah. opo maneh boso jowo kuwi kan akeh eram spesies e. salam kenal soko wong jember.

  23. catatan tukang bilang pada 19 August 2009 at 8:19 pm

    yo podoae bosone

  24. panjoel bilang pada 30 August 2009 at 5:15 am

    aku ngerti mas,,,
    hahaha,,,
    mbasio duduk wong gresik kutho,,
    hahahah,,
    urip nak blandongan 2th,,
    rodok ketularan boso lumpur,,
    hahahha..
    sakjane cak yuk gudu iso ngomong boso gresik rek,,,

  25. DenkGex_ bilang pada 31 August 2009 at 10:32 am

    wuih….Cek sereme riko Cak(gak eroh boso gresikE SERU!!!)…
    eson yo sepantat, eh… sepakan yo ambek ndukung sampean karo bolo-bolo gresiker” liyane. Budaya, opomaneh seng bentukE bahasa ojo sampek ditinggalno. polaE aku dewe ngerasakno seneng+banga dadi arek gresik masio reank ado teko omah….hahahahahahaha……………
    Poko’E Gresik lha…….I Love U Full……….

Berikan komentar

Previous post: Kopdar Rapat ‘Ulang Tahun’

Next post: Turnamen Futsal Bupati Gresik 2009, layakkah?